Ayat-ayat Fokus Hafalan

1. QS. Al-Hasyr (059): 18-30)

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ

He para mukmin kabeh, padha ngabektia ing Allah.

وَالْتَنظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍ

Padha anggatekna awakmu tumrap samubarang kang mbok tindak-ake kanggo sesok

وَاتَّقُوا اللهَ إِنَّ اللهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ ﴿١٨﴾

Padha ngabektia ing Allah. Sayektine Allah iku Maha Maspada’ake Marang samubarang tumindak sira kabeh. (18)

وَلَا تَكُونُوا كَالَّذِينَ نَسُوا اللهَ فَأَنسَاهُمْ أَنفُسَهُمْ

Aja pada kaya kahanane wong kang lali marang Allah, Satemah Allah ora peduli marang wong-wong mau.

أُوْلَئِكَ هُمُ الْفَاسِقُونَ ﴿١٩﴾

Mengkono iku wong-wong kang fasiq (rusak) (19)

لَا يَسْتَوِي أَصْحَابُ النَّارِ وَأَصْحَابُ الْجَنَّةِ

Ora podho antarane wong kang manggon ing neraka lan kang manggon ing suwarga.

أَصْحَابُ الْجَنَّةِ هُمُ الْفَائِزُونَ﴿٢٠﴾

Wong kang manggon ing suwarga iku wong sing padha begja (20)

لَوْ أَنزَلْنَا هَذَا الْقُرْآنَ عَلَى جَبَلٍ

Manawa Ingsun turunake Qur’an iki marang gunung,

لَّرَأَيْتَهُ خَاشِعاً مُّتَصَدِّعاً مِّنْ خَشْيَةِ اللهِ

yekti sira bakai weruh (gunung) iku tumundhuk pecah, Saking wedine marang Allah.

وَتِلْكَ الْأَمْثَالُ نَضْرِبُهَا لِلنَّاسِ لَعَلَّهُمْ يَتَفَكَّرُونَ﴿٢١﴾

Lan Ingsun agawe conto kangge sanepa tumrap para manusa, supaya dheweke padha anggunak-ake pikirane (21)

هُوَ اللهُ الَّذِي لَا إِلَهَ إِلَّا هُوَ

Allah, ora ana sesembahan kejaba manembah marang Allah

عَالِمُ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ هُوَ الرَّحْمَنُ الرَّحِيمُ﴿٢٢﴾

Kang Mahauninga Samubarang Kang Samar sarta Lang Ketok-Cetha Allah iku Mahamurah Mahaasih (22)

هُوَ اللهُ الَّذِي لَا إِلَهَ إِلَّا هُوَ

Allah, ora ana sesembahan kejaba manembah marang Allah,

الْمَلِكُ الْقُدُّوسُ السَّلَامُ الْمُؤْمِنُ الْمُهَيْمِنُ الْعَزِيزُ الْجَبَّارُ الْمُتَكَبِّرُ

Maha Kuwasa, Maha Suci, Maha Nitahake Karahayon. Ingkang Paring Katentreman, Ingkang Rumeksa Samubarang, Ingkang Maha Adiluhung, Ingkang Maha Pideksa, Ingkang Kagungan Sarupaning Ke-Agungan,

سُبْحَانَ اللهِ عَمَّا يُشْرِكُونَ ﴿٢٣﴾

Allah iku Mahasuci, adoh banget yen kaya panemune wong-wong musyrik (23)

هُوَ اللهُ الْخَالِقُ الْبَارِئُ الْمُصَوِّرُ

Allah Maha Nitahake samubarang, Kang Maha Murwani, Kang Mahaagawe Sarupaning Wangun Rupa,

لَهُ الْأَسْمَاءُ الْحُسْنَى يُسَبِّحُ لَهُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ

Allah Kagungan Asma-Asma Kang Becik. Ngaturake Paseksen Suci Marang Allah kabeh kang ana ing langit lan bumi.

وَهُوَ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ ﴿٢٤﴾ ع_3

Lan Allah iku Mahamulya tur Mahawicaksana.” (30)

***

 

2. QS. Ali Imran (3): 190-198)

اِنَّ فِيْ خَلْقِ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ

Satemene ing sejerone tumitahing langit lan bumi,

وَاخْتِلَافِ الَّيْلِ وَالنَّهَارِ

saha ing gilir-gumantine wengi lan rahina,

لَاٰيٰتٍ لِّاُولِى الْاَلْبَابِۙ ﴿١٩٠﴾

iku ana tandha-tandha tumrap wong kang padha anggunaake akal (190)

الَّذِيْنَ يَذْكُرُوْنَ اللهَ

Yoiku wong-wong kang enget marang Allah,

قِيَامًا وَّقُعُوْدًا وَّعَلٰى جُنُوْبِهِمْ

kelawan jumeneng, kalawan linggih lan kalawan sesarean,

وَيَتَفَكَّرُوْنَ فِيْ خَلْقِ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۚ

Banjur padha mikirake kedadeyane langit lan bumi.

رَبَّنَا مَا خَلَقْتَ هٰذَا بَاطِلًاۚ

(Banjur padha matur): “Duh Pengeran kawula! Boten muspra anggen Paduka Nitahaken sedaya punika.

سُبْحٰنَكَ فَقِنَا عَذَابَ النَّارِ ﴿١٩١﴾

Maha Suci Paduka, mugi Paduka Milujengaken kawula saking azab neraka.” (191)

رَبَّنَآ اِنَّكَ مَنْ تُدْخِلِ النَّارَ فَقَدْ اَخْزَيْتَهٗۗ

Dhuh Pangeran kawula, estu leres Kersa Paduka, sinten ingkang Paduka lebetaken dhateng neraka, punika ingkang Paduka asoraken.

وَمَا لِلظّٰلِمِيْنَ مِنْ اَنْصَارٍ ﴿١٩٢﴾

Dene tetiyang ingkang nganiaya punika mesthi boten wonten ingkang saged nulungi. (192)

رَبَّنَآ اِنَّنَا سَمِعْنَا مُنَادِيًا يُّنَادِيْ لِلْاِيْمَانِ

“Dhuh Pangeran kawula, kita sampun sami mireng tetiyang ingkang ajak-ajak dhateng iman.

اَنْ اٰمِنُوْا بِرَبِّكُمْ فَاٰمَنَّاۖ

Pangajakipun: “Sira padha percayaa ing Pengeranmu”. Kita inggih lajeng sami pitados.

رَبَّنَا فَاغْفِرْ لَنَا ذُنُوْبَنَا

“Dhuh Pangeran kawula, mugi Paduka Paring Pangapunten dhateng sakathaning dosa kawula,

وَكَفِّرْ عَنَّا سَيِّاٰتِنَا

Mugi Paduka Nyirnaaken sakathahing piawon kawula.

وَتَوَفَّنَا مَعَ الْاَبْرَارِۚ ﴿١٩٣﴾

*****

 

3. QS. Al-Baqarah (2): 142-144)

سَيَقُوْلُ السُّفَهَاۤءُ مِنَ النَّاسِ مَا وَلّٰىهُمْ عَنْ قِبْلَتِهِمُ الَّتِيْ كَانُوْا عَلَيْهَاۗ

Sawenehing wong (Yahudi) kang bodho padha ngucap: “Apa sebabe (Muhammad lan sahabate) padha ngalih saka qiblat kang wis padha diadhepake salawas-lawase).

قُلْ لِّلّٰهِ الْمَشْرِقُ وَالْمَغْرِبُۗ

(Muhammad) sira dhawuha: “Wetan Ian Kulon iku kagungane Allah,

يَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ﴿142﴾

Allah nuduhake wong kang Dadi Keparenging kersane, dituduhake dalan kang bener.” (142)

وَكَذٰلِكَ جَعَلْنٰكُمْ اُمَّةً وَّسَطًا

Mengkono uga sira (para ummat Muhammad) padha Ingsun dadekake ummat pilihan,

لِّتَكُوْنُوْا شُهَدَاۤءَ عَلَى النَّاسِ وَيَكُوْنَ الرَّسُوْلُ عَلَيْكُمْ شَهِيْدًاۗ

supaya ing mbesok sira padha nyekseni para manungsa,

وَمَا جَعَلْنَا الْقِبْلَةَ الَّتِيْ كُنْتَ عَلَيْهَآ اِلَّا لِنَعْلَمَ مَنْ يَّتَّبِعُ الرَّسُوْلَ مِمَّنْ يَّنْقَلِبُ عَلٰى عَقِبَيْهِۗ

dene anggonmu mbalekake qiblat lawas biyen iku supaya weruha sapa wong kang padha kajungkel marang tungkake, iku sapa kang banjur taat marang Rasul.

وَاِنْ كَانَتْ لَكَبِيْرَةً اِلَّا عَلَى الَّذِيْنَ هَدَى اللهُۗ

Lan ngolah-ngalihe qiblat iku pancen abot kajaba tumrap wong kang padha oleh pituduhing Allah.

وَمَا كَانَ اللهُ لِيُضِيْعَ اِيْمَانَكُمْۗ

Lan Allah ora pisan-pisan bakal ngilang-ngilangake imanmu.

اِنَّ اللهَ بِالنَّاسِ لَرَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ﴿143﴾

Satemene Allah iku Maha Welas lan Maha Asih marang para manungsa. (143)

قَدْ نَرٰى تَقَلُّبَ وَجْهِكَ فِى السَّمَاۤءِۚ

Temen Ingsun Amriksani pasuryamu tumenga marang langit.

فَلَنُوَلِّيَنَّكَ قِبْلَةً تَرْضٰىهَاۖ

MuIane Ingsun alih madheping qiblat tumuju Ka’bah kang sira senengi.

فَوَلِّ وَجْهَكَ شَطْرَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِۗ وَحَيْثُ مَا كُنْتُمْ فَوَلُّوْا وُجُوْهَكُمْ شَطْرَهٗۗ

Saiki anggonmu sholat madhepa ing pernahing Ka’bah Masjidil Haram. lng ngendi manggonmu sholat padha madhepa marang pernahing Ka’bah mau.

وَاِنَّ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ لَيَعْلَمُوْنَ اَنَّهُ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّهِمْۗ

Dene sarupaning wong kang padha nyekel Kitab mesthi padha weruh yen madhep ing Ka’bah iku kang nyata terang saka ing Pengerane.

وَمَا اللهُ بِغَافِلٍ عَمَّا يَعْمَلُوْنَ﴿144﴾

Allah Ora Pisan-Pisan Kesupen samubarang kang padha sira tindakake. (144)

***

 

4. QS. Al-Baqarah (2): 152-157)

فَاذْكُرُوْنِيْٓ اَذْكُرْكُمْ

Padha elinga sira marang Ingsun, Ingsun mesti eling marang sira kabeh.

وَاشْكُرُوْا لِيْ وَلَا تَكْفُرُوْنِ﴿152﴾ع_16

Caos-a raos syukur, aja nganti padha atindak kufur. (152)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اسْتَعِيْنُوْا بِالصَّبْرِ وَالصَّلٰوةِۗ

He wong kang padha Iman kabeh, sira padha nyuwuna pitulung marang Allah kelawan sabar Ian sholat,

اِنَّ اللهَ مَعَ الصّٰبِرِيْنَ﴿153﴾

satemene Allah iku Nganteni wong kang padha sabar. (153)

وَلَا تَقُوْلُوْا لِمَنْ يُّقْتَلُ فِيْ سَبِيْلِ اللهِ اَمْوَاتٌۗ

Lan sira aja padha ngarani menawa wong kang gugur ana ing perang Sabil iku padha tilar donya,

بَلْ اَحْيَاۤءٌ وَّلٰكِنْ لَّا تَشْعُرُوْنَ﴿154﴾

sejatine dheweke iku padha urip, nanging sira ora padha weruh. (154)

وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ بِشَيْءٍ

Satemene Ingsun mesthi nyoba marang sliramu kabeh kelawan karibetan sawatara:

مِّنَ الْخَوْفِ وَالْجُوْعِ وَنَقْصٍ مِّنَ الْاَمْوَالِ وَالْاَنْفُسِ وَالثَّمَرٰتِۗ

awujud rasa kuwatir, ngelih, kekurangan bandha, gonjange jiwa, lan kekurangan woh-woban.

وَبَشِّرِ الصّٰبِرِيْنَ﴿155﴾

Lan sira kabara bungah marang wong-wong kang padha sabar. (155)

اَلَّذِيْنَ اِذَآ اَصَابَتْهُمْ مُّصِيْبَةٌۗ قَالُوْٓا

Yaiku wong-wong kang menawa ketaman bebaya, padha ngucap:

اِنَّا لِلّٰهِ وَاِنَّآ اِلَيْهِ رٰجِعُوْنَۗ﴿156﴾

“Satemene kita kabeh iku kagungane Allah lan kita kabeh bakal padha bali sowan marang Panjenengane.” (156)

اُولٰۤىِٕكَ عَلَيْهِمْ صَلَوٰتٌ مِّنْ رَّبِّهِمْ وَرَحْمَةٌۗ

Wong kang mengkono iku padha pinaringan sholawat saka Pengerane, lan uga kanugrahan Kawelasan,

وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُهْتَدُوْنَ﴿157﴾

lan wong kang mengkono iku padha pikantuk pituduh. (157)

***

 

5. Q.S. Ali Imran (3) 92

لَنْ تَنَالُوا الْبِرَّ حَتّٰى تُنْفِقُوْا مِمَّا تُحِبُّوْنَۗ

Sira kabeh ora bakal bisa pikantuk kabecikan nganti sira padha gelem ndermakake barang kang padha sira senengi.

وَمَا تُنْفِقُوْا مِنْ شَيْءٍ

Dene barang apa wae kang padha sira dermakake,

فَاِنَّ اللهَ بِهٖ عَلِيْمٌ﴿٩٢﴾

satemene Allah iku Maha Pirsa ing barang mau. (92)

****

 

6. Q.S. Al-Anfal (8) 1-4

يَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ الْاَنْفَالِۗ

(Muhammad), para ummatmu padha nyuwun katrangan perkara barang jarahan perang,

قُلِ الْاَنْفَالُ لِلّٰهِ وَالرَّسُوْلِۚ

Sira dhawuha: “Barang jarahan perang iku kagungane Allah lan kagungane rasul (kabage dening rasul miturut dhawuhe Allah).”

فَاتَّقُوا اللهَ

Mulane sira padha prayitna wajibmu ing Allah (aja padha pasulayan perkara jarahan),

وَاَصْلِحُوْا ذَاتَ بَيْنِكُمْۖ

Lan padha bagusana tumindakmu kanthi agawe patut-runtut marang para kancamu.

وَاَطِيْعُوا اللهَ وَرَسُوْلَهٗٓ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ﴿1﴾

Padha ndhereka marang dhawuhe Allah lan utusane, yen nyata sira kabeh padha mukmin. (1)

اِنَّمَا الْمُؤْمِنُوْنَ الَّذِيْنَ اِذَا ذُكِرَ اللهُ وَجِلَتْ قُلُوْبُهُمْ

Dene kang diarani wong-wong mukmin, yaiku wong-wong kang menawa Asmane Allah disebut, banjur konjem atine (tambah bektine ing Allah).

وَاِذَا تُلِيَتْ عَلَيْهِمْ اٰيٰتُهٗ

Lan menawa krungu wong maca ayat-ayating AIIah,

زَادَتْهُمْ اِيْمَانًا وَّعَلٰى رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُوْنَۙ﴿2﴾

Banjur tambah kenceng imane marang Allah. Lan dheweke padha pasrah marang Allah Pangerane. (2)

الَّذِيْنَ يُقِيْمُوْنَ الصَّلٰوةَ

Yaiku wong-wong kang padha anjumenengake sholat,

وَمِمَّا رَزَقْنٰهُمْ يُنْفِقُوْنَۗ﴿3﴾

lan padha nanjaake bandha kang Ingsun paringake. (3)

اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُؤْمِنُوْنَ حَقًّاۗ

Wong kang mengkono mau, tetep diarani wong mukmin temenan.

لَهُمْ دَرَجٰتٌ عِنْدَ رَبِّهِمْ

Dheweke padha kaparingan pangkat mulya ana ngarsane Pengerane,

وَمَغْفِرَةٌ وَّرِزْقٌ كَرِيْمٌۚ﴿4﴾

Lan pikantuk pangapura sarta rezeki kang mulya. (4)

****

 

7. Q.S. Fushilat (41) 30-36

اِنَّ الَّذِيْنَ قَالُوْا رَبُّنَا اللهُ ثُمَّ اسْتَقَامُوْا تَتَنَزَّلُ عَلَيْهِمُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ

Satemene wong kang padha ngucap: “Pengeranku Allah” banjur setiya tuhu anggone netepi kuwajibane, wong mangkono mau bakal dirawuhi Malaikat kanthi ngendika mengkene:

اَلَّا تَخَافُوْا وَلَا تَحْزَنُوْا

“Panjenengan ampun ajrih, ampun sedhih.

وَاَبْشِرُوْا بِالْجَنَّةِ الَّتِيْ كُنْتُمْ تُوْعَدُوْنَ﴿30﴾

Panjenengan katuran gumbira kanthi suwarga ingkang sampun dipun Prasetyaaken dening Allah.” (30)

نَحْنُ اَوْلِيَاۤؤُكُمْ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا وَفِى الْاٰخِرَةِۚ

“Kula punika mitra panjenengan wiwit wonten ing ngalam donya ngantos dumugi ing ngalam akhirat.

وَلَكُمْ فِيْهَا مَا تَشْتَهِيْٓ اَنْفُسُكُمْ وَلَكُمْ فِيْهَا مَا تَدَّعُوْنَۗ﴿31﴾

Kagem panjenengan badhe kadumugen samukawis ingkang dipun pepingini saha samukawis ingkang dipun kersakaken (mesthi boten kuciwa)” (31)

نُزُلًا مِّنْ غَفُوْرٍ رَّحِيْمٍ﴿32﴾

Sadaya punika paparingipun Pengeran ingkang sifat Paring Pangapura tur Mahaasih. (32)

وَمَنْ اَحْسَنُ قَوْلًا مِّمَّنْ دَعَآ اِلَى اللهِ وَعَمِلَ صَالِحًا

Ora ana wong kang luwih becik pangucape ngungkuli wong kang ngajak-ajak nyembah ing Allah, saha ngelakoni panggawe becik.

وَّقَالَ اِنَّنِيْ مِنَ الْمُسْلِمِيْنَ﴿33﴾

Lan pangucape mengkene: “Satemene aku iki sawijining wong kang Islam.” (33)

وَلَا تَسْتَوِى الْحَسَنَةُ وَلَا السَّيِّئَةُۗ

Ala lan becik iku ora padha, mesthi ana andha-usuke.

اِدْفَعْ بِالَّتِيْ هِيَ اَحْسَنُ

Sira nampika barang kang ala kanthi kang luwih becik.

فَاِذَا الَّذِيْ بَيْنَكَ وَبَيْنَهٗ عَدَاوَةٌ كَاَنَّهٗ وَلِيٌّ حَمِيْمٌ﴿34﴾

Karana iku mungsuhmu kang banget gething, bisa dadi kaya sedulur sinarawedi. (34)

وَمَا يُلَقّٰىهَآ اِلَّا الَّذِيْنَ صَبَرُوْاۚ

Sifat-sifat kang becik iku ora tinampa kajaba marang wong kang padha shabar,

وَمَا يُلَقّٰىهَآ اِلَّا ذُوْ حَظٍّ عَظِيْمٍ﴿35﴾

ora tinampa kajaba wong kang duwe pulung munggah ing suwarga kang agung. (35)

وَاِمَّا يَنْزَغَنَّكَ مِنَ الشَّيْطٰنِ نَزْغٌ فَاسْتَعِذْ بِاللهِۗ

Menawa setan nggodha sliramu kanthi sawijining pagodhan, nenuwuna Pangayomaning Allah,

اِنَّهٗ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ ﴿36﴾

Sayektine Panjenengane Ingakng-Mahamiyarsa, Ingkang-Mahauninga. (36)

****

 

8. QS. Ali Imran (3): 101 – 107

وَكَيْفَ تَكْفُرُوْنَ وَاَنْتُمْ تُتْلٰى عَلَيْكُمْ اٰيٰتُ اللهِ وَفِيْكُمْ رَسُوْلُهٗۗ

Anggumunake yen sliramu padha mlengosake bebener, awit sliramu wis diwacakake ayat-ayate Allah, sarta ditunggoni utusane Allah.

وَمَنْ يَّعْتَصِمْ بِاللّٰهِ فَقَدْ هُدِيَ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ﴿١٠١﴾ ع_10

Dene sing sapa gegondhelan agamane Allah, sumurupa, bakal diparingi pituduh dalan kang jejeg (101)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقٰىتِهٖ

He wong iman kabeh, padha ngabektiya sliramu ing Allah, kelawan sejatining bekti,

وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ﴿١٠٢﴾

Aja padha pisan-pisan tilar donya, kajaba ana ing Agama Islam (102)

وَاعْتَصِمُوْا بِحَبْلِ اللهِ جَمِيْعًا وَّلَا تَفَرَّقُوْاۖ

Padha gegondelono ing agamane Allah (piwulang Islam), aja nganti sliramu kabeh padha congkrah pisah-pisah,

وَاذْكُرُوْا نِعْمَتَ اللهِ عَلَيْكُمْ اِذْ كُنْتُمْ اَعْدَاۤءً فَاَلَّفَ بَيْنَ قُلُوْبِكُمْ

Padha ngelingana kanikmata-Ne Allah kang wis kaparingake marang sliramu kabeh, yaiku nalika sira padha memungsuhan, Allah nuli Gawe lembut atimu,

فَاَصْبَحْتُمْ بِنِعْمَتِهٖٓ اِخْوَانًاۚ

Tumuli karana kanikmataning Allah, sira banjur dadi paseduluran.

وَكُنْتُمْ عَلٰى شَفَا حُفْرَةٍ مِّنَ النَّارِ فَاَنْقَذَكُمْ مِّنْهَاۗ

Mangka sakdurunge iku sira wis padha ancik-ancik ana ing pinggir jurang neraka, nuli Allah nylametake sira saka ing kono.

كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللهُ لَكُمْ اٰيٰتِهٖ لَعَلَّكُمْ تَهْتَدُوْنَ﴿١٠٣﴾

Mangkono iku anggone Allah nerangake ayat-ayat-E marang sliramu, supaya padha pikantuk pituduh (103)

وَلْتَكُنْ مِّنْكُمْ اُمَّةٌ يَّدْعُوْنَ اِلَى الْخَيْرِ

Prayogane ana-a wong sagolongan saka sliramu, kang ngajak-ajak nuntun marang kabecikan

وَيَأْمُرُوْنَ بِالْمَعْرُوْفِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِۗ

Lan padha printah nindakake penggawe becik lan nyegah saka panggawe ala.

وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ﴿١٠٤﴾

Wong kang mangkono iku padha begja. (104)

وَلَا تَكُوْنُوْا كَالَّذِيْنَ تَفَرَّقُوْا وَاخْتَلَفُوْا مِنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَهُمُ الْبَيِّنٰتُۗ

Lan sira aja padha dadi kaya wong kang padha pecah belah lan gegesehan sawise padha pikantuk pirang-pirang tandha kang terang.

وَاُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ عَذَابٌ عَظِيْمٌۙ﴿١٠٥﴾

Wong kang mangkono iku bakal padha kepatrapan siksa kang gedhe (105)

يَّوْمَ تَبْيَضُّ وُجُوْهٌ وَّتَسْوَدُّ وُجُوْهٌۚ

Ing dinane wajah-wajah ana kang padha dadi putih lan ana kang padha dadi ireng.

فَاَمَّا الَّذِيْنَ اسْوَدَّتْ وُجُوْهُهُمْۗ

wondene para kang wajahe padha dadi ireng, padha diweleheke:

اَكَفَرْتُمْ بَعْدَ اِيْمَانِكُمْ

“Ya gene sliramu padha mbalik kafir, sawise iman,

فَذُوْقُوا الْعَذَابَ بِمَا كُنْتُمْ تَكْفُرُوْنَ﴿١٠٦﴾

Saiki padha ngicipana siksa minangka piwalese anggonmu padha kafir. (106)

وَاَمَّا الَّذِيْنَ ابْيَضَّتْ وُجُوْهُهُمْ

Dene wong kang padha putih wajahe iku

فَفِيْ رَحْمَةِ اللهِۗ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ ﴿١٠٧﴾

mangka pikantuk Welas-Asihing Allah, ana ing suwarga padha langgeng (107)

***

 

error: Content is protected !!