Matan Hadits Fokus Hafalan

(1) 

Karakteristik Amalan Kekasih Allah

Digambarkan dalam sebuah Hadis qudsi yang diriwayatkan oleh Imam al-Bukhari dan beberapa imam Hadis lainnya dengan redaksi yang hampir sama:

 قَالَ اللهُ – عَزَّ وَجَلَّ – :

Allah Azza wa Jalla Berfirman

مَنْ آَذَى لِي وَلِيًّا فَقَدِ اسْتَحَقَّ مُحَارَبَتِي ،

Barangsiapa menyakiti seorang wali-Ku, maka Aku umumkan perang kepadanya.

وَمَا تَقَرَّبَ إِلَيَّ عَبْدِي بِمِثْلِ أَدَاءِ فَرَائِضِي ،

 Tidaklah seorang hamba-Ku mendekat kepada-Ku dengan sesuatu yang paling Aku cintai berupa ibadah-ibadah yang Aku wajibkan kepadanya,

وَإِنَّهُ لَيَتْقَرَّبُ إِلَيَّ بِالنَّوَافِلِ حَتَّى أُحِبَّهُ ،

dan hamba-Ku itu terus menerus mendekat kepada-Ku dengan ibadah-ibadah sunnah, sehingga Aku pasti mencintainya,

فَإِذَا أَحْبَبْتُهُ كُنْتُ رِجْلَهُ الَّتِي بِهَا يَمْشِي ،

Jika Aku sudah mencintainya maka (Akulah) kakinya yang dengannya ia berjalan,

وَيَدَهُ الَّتِي يَبْطِشُ بِهَا ،

 (Akulah) tangannya yang dengannya ia memegang,

وَلِسَانَهُ الَّذِي يَنْطِقُ بِهِ ،

(Akulah) lisannya yang dengannya ia berkata-kata,

وَقَلْبَهُ الَّذِي يَعْقِلُ بِهِ ،

 dan (Akulah) hatinya yang dengannya ia menggunakan akalnya,

إِنْ سَأَلَنِي أَعْطَيْتُهُ ،

Jika ia memanggil, Aku tentu Menghadirinya,

وَإِنْ دَعَانِي أَجَبْتُهُ

Jika ia meminta kepada-Ku niscaya Aku mengabulkannya.

(مسند أبي يعلى، ج 12، ص: 520)

 (Musnad Abi Ya’la, juz 12, halaman: 520).

***

 

(2) 

Enem Sifat Unggul

وَبِهَذَا الْإِسْنَادِ قَالَ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ

Ing isnad hadits iki Rasulullah ﷺ ngendika,

فُضِّلْتُ عَلَى الْأَنْبِيَاءِ بِسِتٍّ

“Ingsun kaparingan keluwihan ing atase para nabi liyane kanthi enem prakara,

قِيلَ مَا هُنَّ أَيْ رَسُولَ اللَّهِ

Para sahabat padha matur, “Nyuwun priksa ya Rasulullah, punapa mawon menika?”

قَالَ أُعْطِيتُ جَوَامِعَ الْكَلِمِ

Panjenengane paring jawaban, (1) “Aku kadunungan pangandikan kanthi ukara ringkes, padhet kebak makna isine,

وَنُصِرْتُ بِالرُّعْبِ

(2) aku dimenangake kanthi ora wedi ngadhepi musuh,

وَأُحِلَّتْ لِي الْغَنَائِمُ

(3) dihalalke tumrap aku bondho ghonimah,

وَجُعِلَتْ لِي الْأَرْضُ مَسْجِدًا وَطَهُورًا

(4) bumi didadeake panggonan sholat lan sesuci kanggone aku,

وَأُرْسِلْتُ إِلَى الْخَلْقِ كَافَّةً

(5) lan aku diutus marang kabeh makhluk

وَخُتِمَ بِيَ النَّبِيُّونَ

(6) lan minangka dadi panutup para nabi.

مَثَلِي وَمَثَلُ الْأَنْبِيَاءِ عَلَيْهِمْ الصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ كَمَثَلِ

Sanepanku menggahing para nabi kabeh yoiku prasasat

رَجُلٍ بَنَى قَصْرًا فَأَكْمَلَ بِنَاءَهُ وَأَحْسَنَ بُنْيَانَهُ

wong-wong kang ambangun kraton, wong-wong mau arep nyampurna’ake lan mbagusake bangunane,

إِلَّا مَوْضِعَ لَبِنَةٍ فَنَظَرَ النَّاسُ إِلَى الْقَصْرِ فَقَالُوا

kajaba isih ana bolongan sakadar siji watu bata. Wong-wong nyawang bangunan kraton kasebut karo kondho,

مَا أَحْسَنَ بُنْيَانَ هَذَا الْقَصْرِ لَوْ تَمَّتْ هَذِهِ اللَّبِنَةُ

“Saeba endahe bangunan iki saupamane ora kurang anane bolongan sagedene watu bata iki, saeba sampurna bangunane!”

أَلَا فَكُنْتُ أَنَا اللَّبِنَةَ أَلَا فَكُنْتُ أَنَا اللَّبِنَةَ

Podho mangertia, yoiku aku watu bata iku, mangertia, yoiku aku watu bata iku.”

(Hadits Ing Kitab Asesrirah Shahih, Kaserat dening Imam Ahmad. Hadits Nomor: 8969).

***

 

(3)

Aja Bosen Anindak’ake Kabecikan

عَنْ عَائِشَةَ رَضِيَ اللَّهُ عَنْهَا قَالَتْ

Kariwayataken saking Sayyidatinaa A’isyah RA:

لَمْ يَكُنْ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ فِي الشَّهْرِ مِنْ السَّنَةِ أَكْثَرَ صِيَامًا مِنْهُ فِي شَعْبَانَ

(1) “Rasulullah mboten ngathah-ngathaken siyam sunah linangkung kathah, kejawi ing wulan Ruwah,

وَكَانَ يَقُولُ

Rasulullah ngendika:

خُذُوا مِنْ الْأَعْمَالِ مَا تُطِيقُونَ

(2) “Padha nindakna kabecikan,

فَإِنَّ اللَّهَ لَنْ يَمَلَّ حَتَّى تَمَلُّوا

satemene Allah Ora Bosen Paring Kabegjan marang sira, nganti sira bosen anindak’ake kabecikan.

وَكَانَ يَقُولُ

Rasulullah ugi ngendika:

أَحَبُّ الْعَمَلِ إِلَى اللَّهِ

(3) Setuhune tumindak becik kang banget ditresnani Allah yoiku

مَا دَاوَمَ عَلَيْهِ صَاحِبُهُ وَإِنْ قَلَّ

nindhak’ake kabecikan kang ajeg senadyan mung sepele.

(Hadits Ing Kitab Asesrirah Shahih, Kaserat dening Imam Muslim, Nomor 1958).

***

 

(4)

Kautamen Andedonga ing Tengah Wengi

حَدَّثَنَا عَلِيُّ بْنُ مُحَمَّدٍ حَدَّثَنَا أَبُو الْحُسَيْنِ عَنْ حَمَّادِ بْنِ سَلَمَةَ عَنْ عَاصِمِ بْنِ أَبِي النُّجُودِ عَنْ شَهْرِ بْنِ حَوْشَبٍ عَنْ أَبِي ظَبْيَةَ عَنْ مُعَاذِ بْنِ جَبَلٍ

Sampun anyariyosaken dhumetang kita Ali Bin Muhammad, saking Al Husain saking Hammad Ibnu Salamah, saking Ashim Ibnu Abu An-Nujud, saking Syahr bin Hausyab saking Abu Dzabyah saking Mu’adz bin Jabal,

قَالَ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ

Panjenenganipun Muadz Bin Jabbal ngendika, bilih Rasulullah ﷺ nate Ngendika:

مَا مِنْ عَبْدٍ بَاتَ عَلَى طُهُورٍ

(1) “Yen ana abdine Allah sare ing ndalem kahanan resik suci saka najis lan hadats,

ثُمَّ تَعَارَّ مِنْ اللَّيْلِ فَسَأَلَ اللَّهَ شَيْئًا

(2) Banjur bangun ing wektu tengah wengi, nuli atur panyuwunan marang Allah

مِنْ أَمْرِ الدُّنْيَا أَوْ مِنْ أَمْرِ الْآخِرَةِ

babagan urusan donya utowo urusan akhirat,

إِلَّا أَعْطَاهُ

temtu kinabulake dening Allah.

(Hadits Ing Kitab Asesrirah Sunan, Kaserat dening Imam Ibnu Majah, Hadits Nomer 3871).

***

 

(5)

Wong Kang Podho Memungsuhan Amal Becike Tinolak

عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ عَنْ رَسُوْلِ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ

Saking Abu Hurairah, saking Rasulullah SAW, panjenenganipun dhawuh:

تُعْرَضُ أَعْمَالُ النَّاسِ فِي كُلِّ جُمُعَةٍ مَرَّتَيْنِ

“Kabeh amale manungsa linaporake dening malaikat ing ndalem seminggu, kaping pindho,

يَوْمَ الِاثْنَيْنِ وَيَوْمَ الْخَمِيْسِ

Yoiku ing saben dina Senin lan dina Kemis.

فَيُغْفَرُ لِكُلِّ عَبْدٍ مُؤْمِنٍ

Gusti Allah Paring Pangapura dosa-dosane kabeh abdine kang Iman,

إِلَّاعَبْدًا بَيْنَهُ وَبَيْنَ أَخِيْهِ شَحْنَاءُ

Kajaba abdine kang podho memungsuhan

فَيُقَالُ اتْرُكُوْا أَوِ ارْكُوْا هَذَيْنِ حَتّٰى يَفِيْئَا

Didhawuhake: “Tinggalen dhisik wong kang podho memungsuhan iki nganti dheweke kabeh padha rukun.”.

(Hadits Ing Kitab Asesrirah Shahih, Kaserat dening Imam Muslim, Hadits Nomer 6712)

***

 

(6)

Amal Manungsa Linaporake Malaikat, Sedinten Kaping Pindho

حَدَّثَنَا عَبْدُ اللَّهِ بْنُ يُوسُفَ قَالَ حَدَّثَنَا مَالِكٌ عَنْ أَبِي الزِّنَادِ عَنْ الْأَعْرَجِ عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ

Sampun nyariyosaken dhateng kita ‘Abdullah Bin Yusuf, saking Malik, saking Abu Az Zinad, saking Al-A’raj, saking Abu Hurairah,

أَنَّ رَسُولَ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ

Bilih Rasulullah ﷺ ngendika:

يَتَعَاقَبُونَ فِيكُمْ مَلَائِكَةٌ بِاللَّيْلِ وَمَلَائِكَةٌ بِالنَّهَارِ

“ Para malaikat wengi lan malaikat rahina padha angrawuhi sira kabeh.

وَيَجْتَمِعُونَ فِي صَلَاةِ الْفَجْرِ وَصَلَاةِ الْعَصْرِ

Panjenengane sakloron padha kumpul ing wektu Subuh lan ing wektu Ashar.

ثُمَّ يَعْرُجُ الَّذِينَ بَاتُوا فِيكُمْ فَيَسْأَلُهُمْ وَهُوَ أَعْلَمُ بِهِمْ

Nuli malaikat kang anjaga sira munggah, nganti Allah SWT dhawuh marang malaikat mau, lan Allah luwih Priksa tumrap kahanan sekabehane,

كَيْفَ تَرَكْتُمْ عِبَادِي

”Ing kahanan kepriye abdi-abdiku?”

فَيَقُولُونَ تَرَكْنَاهُمْ وَهُمْ يُصَلُّونَ وَأَتَيْنَاهُمْ وَهُمْ يُصَلُّونَ

Para malaikat atur jawaban: “Kawula tilar kahananipun nembe nindhak’aken sholat, mekaten ugi ing wekdal kawula ndugeni, kahananipun inggih nembe sholat”.

(Hadits Ing Kitab Asesrirah Shahih, Kaserat dening Imam Bukhari, Hadits Nomer 522).

***

error: Content is protected !!